Dening: Much. Khoiri
“Wis pancen edan ra kathokan tenan,” Bondan sanalika mbengok. “Lha mosok, rega lombok pedhese kaya ngene. Ngene iki sing salah sapa, sing bener sapa? Mosok ora ana sing salah lan sing bener?” Bondan ketok ngamuk, mrentala nyambel wong-wong kang nyebabake rega lombok iku pedhes!
Jarene Bondan, lha kepriye kok ora arep ngamuk? Rega lombok sampai 150 ewu sak kilo-gram saiki—wis luwih sak wulan keri dhewe iki. Iku rega sing pedhes banget; ora nate rega kok sampe samono. Kabeh masyarakat padha panik—luwih-luwih keluarga sing seneng lombok—embuh disambel, disayur, utawa di-klethus. “Sing paling nemen kena akibate yaiku bakul rujak petis, kaya ta Mak Jah, yen ketemu pembeli pesen rujak petis sak porsi lomboke sepuluh. Glodhak! Ngono iku nek diundhakne regane rujak, pembeli malah ngomel-ngomel.”

Sumber gambar: IDN Times
Apa maneh, iki ceritane Mas Wiji. Dheweke pedagang sayur mlijo—dodolan sayur keliling kampung—makane akrab banget karo ibu-ibu. Nah, kerana wis padha akrab, ibu-ibu biasanya diwenehi imbuh (jarene “bonus”)—lombok, tomat, lan sak panunggale, saiki kadang padha nagih imbuhe. Makane, amarga lombok regane larang, dheweke ora bisa menehi bonus. Ibuk-ibuk dari suntrut alias ora lejar pasuryane.
Bondan ngedumel dhewe: “Pedhes tenan regane lombok. Durung tau kedadean sing ngene iki. Apa iki wis jaman edan? Jaman edan jilid pira?” Mara-mara Bondan rengeng-rengeng ngidung salah sijine pupuh “Zaman Edan” anggitan Ronggowarsito:
Amenangi jaman edan Ewuh aya ing pambudi Melu edan ora tahan Yen tan milu anglakoni Boya kaduman melik Kaliren wekasanipun. Dilalah kersane Allah Begja-begjaning kang lali Luwih begja kang eling lan waspada.
Yen ora kuwat iman, wong-wong bisa mangkel lan misuh-misuh ing jroning ati. Sing mesakne yaiku menawa ana wong-wong sing padha keblinger (kalap) amarga kesrakat ekonomi. Wis didhawuhke para wasis, menawa fakir iku bisa nyeret ing kufur. Contone kasus ing Banyuwangi: Ana lombok sing dicet! Apa genah ngono iku? Konangan warga pas lombok diolah tumis, kok ambune cet. Blaen tenan!
Sebalike, yen kuwat iman, ya paling-paling istighfar sing akeh, lan ndedonga muga-muga kedadean iki enggal sirna. “Duh, Ghusti, muga-muga ora nurun anak putuku.” Ketoke mono mung perkara lombok. Nanging, yen ora dirampungke perkarane, lombok bisa wae dadi momok, bisa nyebabake kapercayan masyarakat merosot.
Bondan mung bisa matur saka kadohan, “Kagem para umara, ingkang lenggah ing lembaga dewan lan pemerintahan, sumangga kasus lombok enggal dipun rampungaken—sesarengan kaliyan isu panas impor beras: Perkawis beras sampun ngantos dados isu nasional. Menawi sampai dados isu nasional, nasib masyarakat ing kampung kula saestu langkung pedhes, ngelangkungi pedhesipun lombok jempling.”
Driyorejo, 28/03/2021
Sajian di blog Pak Dosen ini warna warni, selalu menarik, inspiratif, dan informatif.
Pak CepGa, berusaha untuk berbagi yang baru. Terima kasih telah berkenan mampir dan meninggalkan jejak.
Lombok ipun pedhese cenges saestu pak Dosen, wonten pundi-pundi sampun sami sambat, tumbas seprapat regone tikel pat, sg seneng pedhes dadi dho ngumpat
Inggih leres, Bu Ari.
Contoh tulisan yang inspiratif… Ide apa pun jadi menarik manakala diseriusi menulisnya… Siip bingit…