Dening: Much. Khoiri
Seneng banget rasane. Ing Surabaya ana gebrakan anyar, yaiku gerakan blanja (tetuku) ing pasar rakyat (tradisional). Kampanye gerakan iki bakal sampai kabeh 154 kelurahan sak kutha Surabaya. Bakale ana sosialisasi kanggo 31 camat dan 154 lurah, sahingga gerakan blanja iki enggal sumebar ing kabeh tlatah Kota Pahlawan.
Kepala Dinas Koperasi lan Usaha Mikro, Widodo Suryantoro, dhawuh, “Kita imbau semua blanja di pasar-pasar tradisional.” Pak Widodo nambahi menawa ing pasar-pasar tradisional (pasar rakyat) wis kasedhiya sembarang kebutuhan—yaiku kebutuhan sadina-dina, kuliner (dhahar-nginum), hingga ageman utawa fashion (Jawa Pos, 26/3).

Sumber gambar: JawaPos.com
Bisa dibayangke, apa sing bakal kekadean saumpama kabeh lurah ing Surabaya wis padha kampanye gerakan blanja ing pasar rakyat/tradisional. Apa maneh yen ana iming-iming hadiah khusus, mesthi bakal ana kedadean sing ngedap-edapi. Masyarakat kang wis kulina blanja ing toko swalayan, kira-kira wae, bisa pingin ganti blanja ing pasar rakyat/tradisional. Nanging, iku ya durung karuwan.
Sak temene gebrakan ngene ini rada telat. Lha keneng apa gebrakan iki ora ditindakake tahun 2000-an, nalika toko-toko swalayan durung nguasai pasar barang lan kebutuhan masyarakat? Lha saiki kahanane wing kadhung kaya ngene iki—toko-toko swalayan wis dadi jujugan masyarakat, sebab kebutuhan sing kebak lan komplit disediakne ing kana—malah diajak blanja ing pasar rakyat/tradisional.
Makane, pemkot Surabaya mesthi wicaksana ing ndalem ngyakinaken masyarakat kabeh supaya blanja ing pasar rakyat. Karesikan pasar kudu dijaga, iku ora bisa di-nyang maneh. Keamanan uga, penting banget. Terus kebutuhan masyarakat ana kabeh ing pasar iku, sahingga sapa wae bisa blanja kanthi gampang, ora perlu repot lan bola-bali maneh. Sing paling penting, rega-rega mesthi kudu tetep paling murah.
Gerakan blanja ing pasar rakyat/tradisional telat ora apa-apa, tinimbang ora pernah babar blas. Nanging, gerakan iki perlu dukungan pihak-pihak kang kajibah, sarta kesadharan masyarakat kanggo ngangkat bareng-bareng ekonomi rakyat. Tanpa kesadharan iku, gerakan iki bakal nemoni pepalang (kendala).**
Kabede, 29/03/2021
Kula remen blanja in pasar tradisional Pak. Sayur, buah, lan ulamipun taksih seger sedanten.
Leres sanget. Nuwun
Leres… Remen sanget blanja wonten peken… Reginipun langkung mirah…
Sarujuk thok, saestu manteb